Kula sowan wonten ing ngarsanipun Ibu
Sepisan, caos sembah pangabekti
mugi katur ing ngarsanipun Ibu
Ongko kalih, mbok bilih wonten klenta-klentunipun
atur kula saklimah
tuwin lampah kula satindak
ingkang kula jarag lan mboten kula jarag
ingkang mboten ndadosaken sarjuning panggalih
Mugi Ibu kersa maringi gunging
samodra pangaksami
Kula suwun kaleburna ing dinten riyadin punika
Lan ingkeng putra nyuwun
berkah saha pangestu.
ada juga yang begini
Nuwon pak ngaturaken salam ngabektos kulo katuro dumateng bapak, mbok menawi kathah klenta-klentuni nuwon agunge pangapunten, lajeng lampah kulo setindak, wiraos kulo seklimah, ingkang lair, ingkang batos, ingkang angsal idzine syara', ingkang mboten angsal idzine syara', mugi-mugi angsalo idzine syara'. lan mugi gusti Allah ngelebur dosa kula lan dosane bapak ing dalem riyaden meniko lantaran sangking bapak.
kemudian, yang disungkemi akan membalas lembut. Biasanya sambil membungkuk-merengkuh:
Semono uga aku, wong tuwa
uga akeh klera-klerune
Kowe uga ngagungna pangapura
Ora luwih, kowe bisaa
kabul kang dadi ancas
lan dadi gegayuhanmu
Ora luwih, aku wong tuwa
mung bisa ndedonga marang Pangeran
Iya, kowe Thak pangestoni,,
semoga bermanfaat ya,, kalau ada yang mau usul, atau kasih saran & kritik tulis komentar aja ya,, atau bisa inbox juga..